Ing nagari kita sedaya katah pendakwah-pendakwah
ingkang maringi siraman rohani dateng umatipun. Nanging, punapa kanti
kathahipun pendakwah-pendakwah menika saget mbekta pengaruh majeng kagem umat? napa tambah dinten tambah minggah umat ingkang
sae, napa tambah dinten tiyang kathah ingkang bidhal dateng panggenan ibadah? napa tambah dinten moral umat
tambah sae uga ningkat?
Kita
sedaya saget introspeksi awak kita sedaya, napa pandamel kita sedaya berubah,
amal ibadah kita meningkat sak sampunipun kita sedaya mirengaken ceramah-ceramah,
khutbah utawi pengaosan-pengaosan? Kita sedaya saget introspeksi awak kita
piyambak
Kajawi punika, kita sedaya saget ningali
lingkungan kita sedaya. Warta-warta ing televisi kala niki kathah paring
pawarta babagan kemerosotan moral manungso. Awit saking korupsi, suap, konsumsi
narkoba, tawuran remaja, ugi remaja ingkang sampun boten wirang numindakaken
free sex utawi perzinahan, maling, ngrampok, pamejahan ugi taksih kathah malih
warta babagan dekadensi moral ingkang kedadosan ing lingkungan kita sedaya.
Padahal, ingkang
sampun kita sedaya mangertosi ing nagari kita sedaya katah pendakwah-pendakwah
ingkang ngajak dhateng kesaenan. Saben dinten utaminipun ing wulan Ramadhan katah penceramah ingkang maringi siraman rohani utawi pitutur-pitutur ingkang sae. Allah berfirman wonten ing Surat Al- Asr:
وَٱلۡعَصۡرِ
١ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَفِي خُسۡرٍ ٢ إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ
وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلۡحَقِّ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلصَّبۡرِ ٣
artine : “Demi masa. sayekti manusia kuwi bener-bener ono jero kerugian,
kajaba wong-wong sing mangandel lan ngerjakne amal saleh lan celathon nyelathoni supaya noati kebeneran
lan celathon nyelathoni ing kesabaran.”
Hadirin
jamaah sholat Jum’ah ingkang minulyo
Menawi pitutur-pitutur sae sampun mboten dipun anggep,
menapa ingkang kedadosan? Tentu kemawon ingkang kedadosan inggih
punika kemerosotan moral.
Ing kesempatan niki,
kula ngemutaken dhateng awak kula piyambak khususipun uga dhateng hadirin ing umumipun tansah dandosi utawi njagi moral kita sedaya. amargi, kita sedaya mboten nengga teguran saking Allah amargi kesupen lan nindakaken larangan-laranganipun Allah.
Allah dawuh:
ظَهَرَ
ٱلۡفَسَادُ فِي ٱلۡبَرِّ وَٱلۡبَحۡرِ بِمَا كَسَبَتۡ أَيۡدِي ٱلنَّاسِ
لِيُذِيقَهُم بَعۡضَ ٱلَّذِي عَمِلُواْ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ ٤١
Artine: “ Wes ketok karusakan neng darat lan
segoro amarga panggawe tangan manungsa supaya Allah rumangsakne marang deekne
kabeh saka (akibat) panggawe dekne kabeh. Ben dekne kabeh bali (menyang dalan
sing bener).” (QS. Ar-Rum:41)
Menawi kita sedaya cermati bilih karisakan alam
dipun akibataken sifat rakus manungsa ingkang mboten bijaksana anggenipun ngrumat soho manfaataken kekayaan alam. Kerakusan inggih punika kosok wangsulipun saking
sifat qonaah. Sifat rakus ngrupikaken kemerosotan moral manungsa piyambak.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Kita sedaya mangertosi menawi kajawi dipun sukani nurani ingkang njejegaken sifat-sifat ketuhanan (al-khuluq), wonten ing awak kita sedaya ugi enten hawa nafsu ingkang cenderung dateng materi. Saben kala kedadosan tarik-tarikan antawis kekalihipun. Menawi ingkang menang nafsu, mila manungsa badhe mandhap derajat uga moralipun. Semanten ugi menawi nurani saged ngalahaken nafsu,tiyang kasebat bade dipun angkat derajatipun deneng Allah Swt.
Kita sedaya mangertosi menawi kajawi dipun sukani nurani ingkang njejegaken sifat-sifat ketuhanan (al-khuluq), wonten ing awak kita sedaya ugi enten hawa nafsu ingkang cenderung dateng materi. Saben kala kedadosan tarik-tarikan antawis kekalihipun. Menawi ingkang menang nafsu, mila manungsa badhe mandhap derajat uga moralipun. Semanten ugi menawi nurani saged ngalahaken nafsu,tiyang kasebat bade dipun angkat derajatipun deneng Allah Swt.
Jam’ah Jum’ah rahimakumullah
tembung moral asring identik (sami) kaliyan budi pekerti, adab, etika, tatakrama lan lintunipun. Ing basa arab asring dipun sebat kaliyan tembung al-akhlaq utawi al-adab. Al-Akhlaq bentuk jamakipun “al-khuluq”, artosipun budi pekerti utawi moralitas. Tembung ingkang dipun sebat namung kaping kalih wonten ing al-Quran setunggal wonten ing surat al-Syuara 137
إِنْ هَذَا إِلَّا خُلُقُ الْأَوَّلِينَ
sing artine:
“(agama iki) iki ora liya mung adat kebiyasan
wong dhisik.”
Uga ingkang
kaping kalih lebet surat al-Qalam 4;
وَإِنَّكَ لَعَلى خُلُقٍ عَظِيمٍ
ingkang
artosipun: “saktemene siro (Muhammad) ana pakerti sing agung.”
Wonten ing agami Islam, Kristen, Hindu sarto Budha, moral yaiku pondasi ingkang kedah kiyat uga tetep wetah. Gesang tanpo moral kados badan
tanpo sirah. Boten badhe kanaman badan ingkang sampurna menawi sirah punika
boten enten. Mila mekaten, gesang tanpo entenipun moral boten badhe sampurna.
Rasulullah Saw piyambak dipun utus dening Allah supados nyampurnakaken moral
ingkang mulia (makarimal akhlaq).
Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Kemerosotan moral niki saget menimpa sinten kamawon. Boten praduli piyambakipun gadah kedudukan utawi jabatan ingkang inggil. mboten praduli piyambakipun gadah rupo elok utawi awon. Boten praduli piyambakipun kaum berduit utawi kaum papa, pinter menapa tiyangipun ngantos bergelar kesarjanaan inggil, piyambakipun saget terjerat dening hawa nafsu. Amargi Allah sampun ngunci manah uga pamirenganipun amargi piyambakipun menangaken hawa nafsunipun.
Allah dawuh:
أَفَرَءَيۡتَ
مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَٰهَهُۥ هَوَىٰهُ وَأَضَلَّهُ ٱللَّهُ عَلَىٰ عِلۡمٖ وَخَتَمَ
عَلَىٰ سَمۡعِهِۦ وَقَلۡبِهِۦ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِۦ غِشَٰوَةٗ فَمَن
يَهۡدِيهِ مِنۢ بَعۡدِ ٱللَّهِۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ ٢٣
artine: “Mula opo kowe
nate ndeleng wong sing dadekne hawa nafsune dadi pangerane lan Allah nyasarake dheweke ingatase elmu-Ne lan Allah wis ngunci mati pangrungon lan atine lan
pandelokane ditutup? mula sapa sing arep menehi pituduh sawise Allah (dheweke sesat). mula geneya kowe ora njupuk piwulang?” (QS. Al-Jaathiya : 23)
Lajeng kados
pundi upoyo kito sedoyo jagi moral saking godaan hawa nafsu wonten ing zaman
modern meniko? Salah satunggalipun sebab moral merosot inggih punika lunturipun
keimanan utawi kapitadosan dateng Allah, dinten akhir ugi piwales
syurga-neroko. Milo saking meniko salah satunggalipun cara jagi moral kito
sedoyo kanti tansah ngatah-ngatahaken eling dateng Allah utawi dzikrullah.
Ma’asyirol muslimin jamaah Jum’ah ingkang
berbahagia
Dzikir yaiku
samukawis ingkang enteng amargi arupi ucapan, nanging ageng sanget ginanipun kunjuk
kita sedaya. Nanging kita sedaya katah
ingkang kesupen dzikir, amargi kesibukan kita sedaya saben dinten.
Syaikhul Islam Ibnu Taimiyyah nate wicanten, “Dzikir kunjuk manah ibarat toya kunjuk ulam. menapa dadosipun menawi ulam dipun medalaken saking toya?”
Syaikhul Islam Ibnu Taimiyyah nate wicanten, “Dzikir kunjuk manah ibarat toya kunjuk ulam. menapa dadosipun menawi ulam dipun medalaken saking toya?”
Ngendikanipun Ibnu Taimiyyah kesebat patut kita sedaya renungaken. Napa pancen manah kita sedaya sampun
dipun isi nutrisi ingkang sae utawi dereng? Amargi, nutrisi ingkang nami dzikir niki sanget wigati kunjuk manah. Manah
ingkang mboten nate dzikir ngeling Allah, mila saget dadosaken manah ingkang
pejah. Uga menawi manah sampun pejah, mila hawa
nafsu ingkang badhe salajeng
ginem.
Wodening ginanipun dzikir antawisipun inggih punika:
Setunggal, dzikir yaiku daharan pokok kunjuk manah ugi roh. Menawi tiyang kecalan
dzikir punika, mila piyambakipun wonten awak ingkang boten nate dahar.
Abu Musa al-Asyari ngeriwayataken menawi Rasulullah dawuh, “Umpamane wong sing dzzikir marang
Allah karo wong sing ra tau dzikir iku koyo wong sing urip lan wong sing mati.”
(HR. Bukhori)
kaping kalih, dzikir saged ngicalaken kesedhihan uga kegelisahan lebet manah. kaliyan dzikir mila manah dados tentrem uga tenang.
Kados syi’ir jawi, “ tombo ati iku limo ing wernane. Kaping pisan moco qur’an
sak maknane. Kaping pindo sholat wengi lakonono, kaping telu wong kang sholih
kumpulono, kaping papat weteng kudu ingkang luwe. Kaping limo dzikir wengi
ingkang suwe.”
Salah satunggal jampi manah yaiku dzikir ingkang dangu ing dalu dinten. Rikala
tiyang sami tilem, kita sedaya
wungu sholat uga dzikir.
Allah dawuh:
ٱلَّذِينَ
ءَامَنُواْ وَتَطۡمَئِنُّ قُلُوبُهُم بِذِكۡرِ ٱللَّهِۗ أَلَا بِذِكۡرِ ٱللَّهِ
تَطۡمَئِنُّ ٱلۡقُلُوبُ ٢٨
“(yaiku)
wong-wong sing mangandel lan ati dekne kabeh dadi tentram karo ngeling Allah. Elinga, mung karo ngeling Allah-lah
ati dadi tentram.” (QS. Ar-Rad28 )
ketelu, dzikir ndamel hamba dipun eling dening Allah nalika tiyang dzikir, eling
marang Allah, mila Allah bakal eling marang hambanipun. Yektos kabejan tiyang
ingkang dipun eling marang Allah.
فَٱذۡكُرُونِيٓ
أَذۡكُرۡكُمۡ وَٱشۡكُرُواْ لِي وَلَا تَكۡفُرُونِ ١٥٢
“Amarga kuwi,
elinga kowe marang Aku, mongko Aku eling (uga) marang awakmu lan podo
syukuro marang Aku lan ojo ngufuri nikmat-Ku” (QS.Al-Baqoroh152)
kaping sekawan, tiyang ingkang tansah dzikir utawi eling Allah dipun
tebihaken saking maksiat. Nalika piyambakipun eling Allah uga nyumerepi bilih
Allah mirsani menapa ingkang dipun lampahi. Mangka piyambakipun isin uga ajrih
numindakaken maksiat.
Cobi kita sedaya tingali, mesti mboten wonten tiyang ingkang sakderenge
mendem, judi, mlebet teng lokalisasi maos “bismillahirrohmanirrohim”. Berarti dzikir meniko nebihaken saking
maksiat.
Ma’asyirol muslimin rahimakumullah
Kados ingkang sampun kula sebataken ing inggil bilih kemerosotan moral keranten menungso sampun ngicalaken kawontenan Pangeran (eksistensi Tuhan) wonten ing manahipun. Mila saking punika, kados ingkang dipun sebataken dening Prof. Jaques Barzun bilih kita sedaya kedah mangsulaken Pangeran dhateng kelenggahanipun ingkang sayektos. (restore god to the fullness of his reality).
Kados ingkang sampun kula sebataken ing inggil bilih kemerosotan moral keranten menungso sampun ngicalaken kawontenan Pangeran (eksistensi Tuhan) wonten ing manahipun. Mila saking punika, kados ingkang dipun sebataken dening Prof. Jaques Barzun bilih kita sedaya kedah mangsulaken Pangeran dhateng kelenggahanipun ingkang sayektos. (restore god to the fullness of his reality).
Salah satunggal cara ndhatengaken Pangeran (Gusti Allah) yaiku kaliyan ngeling utawi dzikir
marang Allah. Dzikir saget kita sedaya tumindakaken wonten
pundi kemawon. Ing panggenan nyambut damel, ing panggen ibadah, lan sanes-sanesipun. Mbok menawi
amargi kesibukan kita sedaya uga keluarga, dadosipun kita kesupen utawi boten
kober dzikir, saenipun dzikir meniko kita programaken. Kados, wonten ing
keluarga gadahi program sholat maghrib kanti jamaah ing griya kaliyan keluarga
lajeng dipun isi dzikir sareng. Wonten ing sekolahan-sekolahan ugi saget dipun
programaken sewulan pisan dzikir sareng. Senahoso biasanipun dzikir sareng
wonten ing sekolahan menawi nyeraki ujian nasional. Tentu kemawon dzikir sareng
niki boten namung gadah tujuan kersane dipun paringi kelancaran wonten ing
ujian utawi sinau. Nanging ugi saget njagi pandamel siswa saking kemerosotan
moral.
Ma’asyirol muslimin rohimakumullah
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken.
mugi-mugi kita sedaya tansah pinaringan pitulung dening Allah Swt saking pengaruh hawa nafsu
ingkang saget nyesataken kita sedaya.