Kamis, 21 April 2016

َلْحَمْدُ لِلهِ الْوَاحِدِ اْلاَحَدِ الْفَرْدِالصَّمَدِ الَّذِىْ لَم يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفْوًا اَحَدْ. اَشْهَدُاَنْ لآ اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تَكُونُ سَبَبَ النَّعِيْمِ الْمُؤَبَّدُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ النَّبِيُّ الْكَرِيْمِ المُمَجَّدْ، سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا رَكَعَ رَاكِعٌ وَسَاجِدٌ
اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُتَّصِفِ بِالْكَرِمِ وَالْجُوْدِ، وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ والتَّابِعِيْنَ لَهُمْ باِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْمَوْعُدِ وَسَلِّم تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
اَمَّابَعْدُ فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله وَحَافِظُوْا عَلَى الصَّلَوَاتِ فَاِنَّهَا مِفْتَاحُ الجَنَّةِ وَهِيَ عَنْ حَرِّ جَهَنَّمَ جُنَّةٌ

Hadirin jamaah Jum’at ingkang minulyo

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala awit peparingipun rahmat lan kanugerahan kawilujengan dateng kito sedaya, sahingga ngantos dinten punika kito saget sesarengan makempal ing papan minulya punika,. Panyuwun kito mugi sedaya amal ibadah kito tinampi wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. Amin.
Monggo wonten ing kasempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami ningkataken iman soho taqwo kito dateng Allah SWT, kanthi ngelampahi nopo ingkang dipun perintah soho nebihi awisanipun Allah. Kanthi taqwa kito saget wilujeng, selamet dumugi akhirat mangkeh.  Jalaran inggih namung kanti iman lan taqwa punika kito sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

 وَنَجَّيۡنَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَكَانُواْ يَتَّقُونَ ١٨

Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah netepi taqwa”.(QS. Fushshilat: 18).

Ugi boten kesupen kito tansah ngraosaken syukur dateng Allah kanti nikmat ingkang dipun paringaken dumateng kito sedoyo. Khususipun nikmat iman lan nikmat Islam.

Hadirin jamaah Jum’at Rahimakumullah

Alhamdulillah wonten ing dinten meniko kulo lan panjenengan sedoyo tasih saget manggihi wulan ingkang mulyo inggih puniko wulan Rojab utawi Rejeb. Ingkang wonten ing wulan meniko wonten peristiwa ingkang bersejarah inggih puniko peristiwa Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad Saw. Ingkang wonten peristiwa meniko Nabi angsal wahyu saking Allah arupi sholat 5 wekdal.

Rasulullah Muhammad shollallahu ’alaih wa sallam nampi perintah sholat 5 wekdal saking Allah subhaanahu wa ta’aala kanthi cara ingkang istimewa sanget. Allah ta’aala ngradinaken (memperjalankan) hambaNipun wonten ing dalu nglampahi horizontal journey from earh to earth saking masjid Al-Haram, Makkah dumugi Masjid Al-Aqsho, Baitul Maqdis (Palestina). Selajengipun Allah ta’aala ngradinaken Nabi Muhammad kanti vertical journey from earth to the heavens in the sky saking Masjid Al-Aqsho, Baitul Maqdis kepanggih langsung kalih Allah ta’ala wonten ing Sidrotul Muntaha. Lajeng Nabi Muhammad shollallahu ’alaih wa sallam nampi perintah sholat.

Bilih saking pentingipun sholat meniko Allah langsung paring wahyu piyambak dateng Nabi tanpo lantaran malaikat Jibril. Milo ibadah sholat meniko ibadah ingkang boten saget dipun enyang utawi tawar. Benten kalih zakat, poso, lan haji. Menawi zakat ingkang angsal kewajiban namung tiyang ingkang mampu. Poso menawi musafir utawi sakit ingkang netepi syarat, kepareng boten poso. Haji ingkang kewajiban namung tiyang ingkang mampu biaya, ugi mampu lahir batin ipun. Nanging sholat meniko tiyang ingkang sugih, melarat, saras utawi gerah, jaler utawi estri, muqim utawi musafir, rakyat, pejabat sedoyo kewajiban nindakaken sholat. Boten kiyat ngadek, lenggah. Boten kiyat lenggah, turon miring, boten saget, mlumah, boten saget mlumah, sak saget-sagetipun. Boten saget maos Fatihah, maos ayat sak sagetipun. Boten saget maos ayat saget maos dzikir. Boten saget maos dzikir mendel mawon.

Milo saking meniko monggo kito sami ngrekso dateng sholat kito. Amargi benjang wonten ing akherat amal ingkang pertama kali dipun tangkletaken inggih puniko masalah sholat. Menawi sholatipun sae, sedoyo amal diitung sae. Suwalikipun, menawi sholatipun awon, asring nilar sholat, sedoyo amal diitung awon.

Wonten pitutur bilih sholat wonten ing agomo meniko ibarat sirah wonten ing jasad. Menawi kulo lan panjenengan sedoyo gesang boten gadah tangan tesih saget gesang. Menawi gesang tanpo sikil nggih tesih saget gesang. Nanging kulo lan panjenengan boten saget gesang menawi sirah niki boten wonten. Milo kanjeng Nabi dawuhaken sholat meniko dados sokone agomo. Kanjeng Nabi paring dawuh :
الصَّلاَة عِمَادُ الدِّيْنِ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنِ، وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنِ

Shalat iku minangka cagake agama, sapa wonge njejekake shalat, mangka ateges njejekake agama, Lan sapa wonge tinggal shalat ateges wong iku ngrubuhake agama” (HR. Muslim).

Hadirin Jamaah Jumat ingkang minulya

Kejawi sholat meniko perintahipun Allah, sholat ugi gadah faidah ingkang ageng inggih puniko:
1.        Nglebur duso

Saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, nyaosi perso bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendikan::,
أَرَأَيْتُمْ لَوْ أَنَّ نَهَرًا بِبَابِ أَحَدِكُمْ ، يَغْتَسِلُ فِيهِ كُلَّ يَوْمٍ خَمْسًا ، مَا تَقُولُ ذَلِكَ يُبْقِى مِنْ دَرَنِهِ » . قَالُوا لاَ يُبْقِى مِنْ دَرَنِهِ شَيْئًا
قَالَ « فَذَلِكَ مِثْلُ الصَّلَوَاتِ الْخَمْسِ ، يَمْحُو اللَّهُ بِهَا الْخَطَايَا »

Opo awakmu ngerti, sakupama ana siji kali neng cedhak lawang salah siji siro kabeh, nuli dheweke adus saka banyu kali kuwi saben dina ping lima, apa arep turah regedane senajan sethithik?” Poro sahabat njawab, “Boten turah sethithika regedane.” Kanjeng Nabi ngendiko, “mula ngonoa umpama sholat lima wektu, Allah mbrusakake dosa (mergo sholat)” (HR. Bukhari no. 528 dan Muslim no. 667)
 Saking Abu Hurairah, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh,

الصَّلَوَاتُ الْخَمْسُ وَالْجُمُعَةُ إِلَى الْجُمُعَةِ وَرَمَضَانُ إِلَى رَمَضَانَ مُكَفِّرَاتٌ مَا بَيْنَهُنَّ إِذَا اجْتَنَبَ الْكَبَائِر

Antara shalat limang wektu, antara Jumat siji lan Jumat liyane, antara Ramadhan siji lan Ramadhan liane, iku iso nglebur dosa antara karo-karone sakjeruning wong mou ngadohi dosa-dosa gede.” (HR. Muslim no. 233).

2.    Ati tentrem

Sholat meniko salah setunggalipun sarono kulo lan panjenengan sedoyo eling marang Allah. Tiyang ingkang eling marang Allah ati dados tentrem, ayem.
Allah Ta’ala paring dawuh,

إِنَّنِيٓ أَنَا ٱللَّهُ لَآ إِلَٰهَ إِلَّآ أَنَا۠ فَٱعۡبُدۡنِي وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ لِذِكۡرِيٓ ١٤
Saktemene Aku Iki Allah, ora anaPangeran sakliyane Aku, mongko sembaho Aku lan nindakno shalat kanggo eling marang Aku”. (Thaha: 14)

Wonten ing QS. ar-Raad ayat 28

ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَتَطۡمَئِنُّ قُلُوبُهُم بِذِكۡرِ ٱللَّهِۗ أَلَا بِذِكۡرِ ٱللَّهِ تَطۡمَئِنُّ ٱلۡقُلُوبُ ٢٨
"(yoiku) wong-wong sing iman lan ati deweke kabeh dadi tentrem karo eling marang Allah. Elingo, mung karo eling  Allah ati dadi tentrem".

3.    Nyambung silaturahmi

Kulo lan panjenengan sedoyo dipun anjuraken sholat kanti berjamaah. Amargi sholat jamaah gadah faidah ingkang ageng sanget antawisipun ganjaran dipun tikelaken ugi saget dados sarono silaturahmi kulo lan panjenengan sedoyo menawi nglampahi sholat jamaah wonten ing masjid ugi mushola. Kanti sholat jamaah teng masjid kulo lan panjenengan sedoyo saget kepanggih rencang, sederek, konco lan sanes-sanesipun. Menawi boten wonten jamaah teng masjid rekaos kulo lan panjenengan saget pepanggihan. Amargi wekdal ingkang boten enten, sibuk kaliyan pedamelanipun piyambak-piyambak.

4.     Bucal maksiat pribadi piyambak lan masyarakat
Allah Ta’ala dawuh,

إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ تَنۡهَىٰ عَنِ ٱلۡفَحۡشَآءِ وَٱلۡمُنكَرِۗ
saktemene sholat iku biso nyegah soko penggawean-penggawean kang jember (olo) lan munkar.” (QS. Al ‘Ankabut: 45).

Tembung fahisyah ingkang dimaksud wonten ing ayat meniko inggih puniko pendamelan ingkang awon ingkang dipun remeni howo nafsu kados zina, liwath (homoseks/lesbian), lan sanesipun. Ingkang nami munkar inggih puniko pendamelan saklintunipun fahisyah ingkang dipun ingkari akal lan fitrah kados syirik, mejahi tiyang (membunuh), maling, mendem, mutus tali silaturahmi lan sanes-sanesipun.

Saklintunipun sholat saget bucal maksiat wonten ing pribadi piyambak ugi sholat saget bucal maksiat wonten ing lingkungan kulo panjenengan sami. Saget dipun titeni, teng pundi kemawon menawi daerah meniko tesih katah tiyang ingkang sholat khususipun sholat jamaah teng masjid, kemaksiatan wonten ing lingkungan meniko boten wonten utawi kirang. Menawi lingkungan meniko masyarakatipun nilar sholat mesti katah utawi wonten kegiatan utawi acara ingkang berbau kemaksiatan.

Pramila monggo kito tansah ngupaya lan mbudi daya amrih tumandang ibadah shalat tansah dipun tingkataken, kanti tansah nyinaoni ilminupun saha tata cara shalat ingkang langkung sae. Jalaran mboten sekedik antawis kito ingkang nindakaken shalat, nanging mboten kanti mangertosi ilmu ilmunipun, syarat rukunnipun, makruh lan sunatipun lan ugi batalipun shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan piwucalipun shalat mboten dipun mangertosi. Eman sanget tiwas kangelan wusananipun mboten keleresan, shalat kito menika mila tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kwalitas ibadah shalatipun. Menapa tiyang menawi sampun lawas anggenipun nindak aken shalat mesti shalatipun sampun sae? Mboten. Amergi shalat boten kemawon apal waosan saha gerakanipun, nanging kados pundi sagetipun anggaota lan manah saget manunggal kumadep, kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun tumandang shalat, ruku’ sujud, lisanipun ndremimil maos lafadlipun waosan shalat, nanging manahipun suwung mboten nderek shalat, utawi malah kluyuran kesah ngetutaken pengangen-angenipun. Sahingga katingalipun tiyang shalat, nanging piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab menika Allah maringaken pepenget :

فَوَيۡلٞ لِّلۡمُصَلِّينَ ٤ ٱلَّذِينَ هُمۡ عَن صَلَاتِهِمۡ سَاهُونَ ٥
Saktemene neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada lali karo shalate” ( QS.Al Ma’un : 4-5 ).

Pramila, shalat saget dados kenikmatan lan maringi manfaat ingkang ageng dateng pribadi piyambak menawi saget sholat kanti khusyu’.

قَدۡ أَفۡلَحَ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ ١ ٱلَّذِينَ هُمۡ فِي صَلَاتِهِمۡ خَٰشِعُونَ ٢
Saktemene bejo sanget wong-wong sing iman. Yoiku wong-wong sing khusyu’ ono ing sak jeroning shalat”. (Al Mukminun: 1-2)

5.    Sholat dados pepadang

Dipun sebataken wonten ing hadits Abu Malik Al Asy’ari, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring dawuh,
وَالصَّلاَةُ نُورٌ

Shalat iku pepadang.” (HR. Muslim no. 223)

Ugi wonten hadits saking Burairah, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring dawuh,

بَشِّرِ الْمَشَّائِينَ فِى الظُّلَمِ إِلَى الْمَسَاجِدِ بِالنُّورِ التَّامِّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ

Wenehono kabar bungah kanggo wong sing mlaku menyang masjid ono ing jero peteng, saktemene besok deweke arep gowo pepadang sing sampurna ono ing dino kiamat” (HR. Abu Daud no. 561 dan Tirmidzi no. 223. Al Hafizh Abu Thohir ngginemaken bilih hadits meniko shahih)

Hadirin jamaah Jumat ingkang minulya

Shalat ingkang dados inti lan pokokipun agami Islam mila mboten kenging dipun sepelekaken, kedah tansah kito jagi lan kito reksa, syukur saget katindakaken kanti jama’ah, amargi langkung enteng tanggung jawab kito, ugi ganjaran ingkang cetha kito mangertosi dipun tikel tikelaken dening Allah. Mugi kito kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kewajiban shalat kanti ajeg lan jejeg, pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.


بَارَكَ الله لِى وَ لَكُمْ فِى القُرْاَنِ الْعَظِيْم وَنَفَعَنِ وَاِيَّاكُمْ بِالْاَيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْم اِنَّهُ هُوَ التَّوَّبُ الرَّحِيْم وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ
Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!