Rabu, 23 Juli 2014

Kaum muslimin Jamaah Sholat Ied rohimakumulloh…
Ing enjing puniko, dinten Senin, tanggal 28 Juli 2014 M bertepatan kalian tanggal 1 Syawal 1435 H artosipun sampun titiwanci kulo lan panjenengan sedoyo ngormat rawuhipun dinten mulyo, dinten agung inggih puniko dinten ‘IDUL FITRI utawi riyadin fitrah.
Pramilo saking meniko, sumonggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ningkataken iman soho taqwa kulo lan panjenengan sedoyo ing ngarso dalem Alloh sarto syukur dumateng sedoyo kenikmatan ingkang antawisipun inggih puniko dugipun dinten riyoyo ingkang bahagia meniko.
Hadirin Jamaah sholat Ied ingkang dipun rahmati Allah
Wonten ing dinten meniko suara takbir,tahmid, lan tahlil ngumandang wonten pundi-pundi panggenan tansah ngagungaken Allah. Panci mboten wonten ingkang nggadahi haq dipun sembah kejawi namung Allah, mboten wonten ingkang langkung ageng sak lintune  Allah, lan namung Allah ingkang nggadahi hak dipun puji. Allahu akbar… Allahu Akbar..
Raos bungah wonten manah kulo lan panjenengan sedoyo naliko mireng gema takbir, tahlil, lan tahmid kados dene tumancep wonten manah, langkung malih sak sampunipun kulo lan panjenengan sedoyo saget nglampahi dawuhipun Allah kanti siyam setunggal wulan muput. Allahu Akbar.
Ananging mboten sekedik sederek-sederek kulo lan panjenengan sedoyo wonten luar negri kados Palestina, Suriah, lan sanes-sanesipun teng pundi kaum muslimin dipun bedili, dipun bombardir, lan dipun rampas haq-haqipun sehinggo katah ingkang mboten saget ngraosaken bungah wonten dinten riadi meniko. Kulo lan panjenengan sedoyo namung saget ndongakne mugi-mugi Allah tansah paring pinayungan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo lan sederek-sederek islam teng luar negeri puniko.  Amin.
Kulo kinten sedanten menungso sami sepakat bilih tiang gesang meniko bade ngupoyo pripun saget nggayuh kebahagiaan kanti maneko warno coronipun,  wonten tiang ingkang nggadahi angen-engen menawi dunyane katah mesti bungah, wonten ingkang nggadahi pemanggih menowi pangkate inggil tiyang bakal ngajeni, bakal bahagia, ugi wonten ingkang nggadahi pemanggih menowi anggadahi  garwo ayu utowi bagus bakal bahagia.
Pemanggih sedanten kolo wau pun sami dipun cobi mboten setunggal kalih tiang ananging ewonan tiang sampun sami nyobi, ing nyatane mboten saget ndugekaken kebahagian ingkang sak estu, kados dene Fir’aun, kurang nopo duwure pangkate, kados dene Qorun, kurange nopo sugehe, kados dene anake nabi Adam kang mburu bojo kang ayu, kanti tegel mateni adine, kurang ayune nopo bintang film ananging boten sami nemokne kebahagiaan, wonten ndonyo meniko, sing sugeh, sing nduweni pangkat kondang, sing garwone ayu utowo bagus, katah podo mati ngenes utowo bunuh diri. Sedanten tiang-tiang kolo wau sami podo kepingin lan ngupoyo pripun saget gesang bahagia, ananging sedanten kolo wau sami gagal.
Lajeng pripun kulo lan panjenengan sedoyo saget nggayuh kebahagiaan haqiqi kolo wau. Allah ngendiko:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ

Sopo wonge kang ngamalke amalan sholeh becik lanang utowo wadon, lan deweke iman engsun bakal menehi marang dewe’e panguripan kang becik, lan Ingsun bakal malesi marang deweke ganjaran kang luweh becik marang opo kang wes di lakoni. Qs.16 An Nahl: 97.
Dados kuncinipun bungah, gesang ingkang sae, inggih puniko kulo lan panjenengan sedoyo tansah iman lan nindak’aken amal sholih, amal becik.
Jama’ah ‘idul fitri rahimakumullah
Sejatosipun wonten pangkat inggil ingkang kedah kito gayuh. Pangkat menopo meniko….? Nggih niku taqwa. Allah Swt ngendiko:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Hei menungso sembahen pangeranmu kang wes nyipto siro lan ugo wong sak dunge iro supoyo siro dadi wong kang taqwa. QS.2.Al Baqoroh:21.
Bilih kulo lan panjenengan gatosaken ibadah-ibadah ingkang Allah dawuhaken meniko sak estu bade mbeto menungso dumateng derajat taqwa, kados ngucap sahadatain ( kanti pemahaman kang leres) sholat, zakat, siam, lan sanes-sanesipun. Mulo Allah ngendiko :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Hei  wong kang iman di wajibne marang siro kabeh poso koyo dene di wajibne marang wong-wong sak durunge siro supoyo siro dadi wong kang taqwa. QS.2.Al Baqoroh:183.
Sehinggo wonten ing wulan Ramadhan kulo lan panjenengan rino wengi  digembleng di didik, wetenge ngintir-inter di rewangi nekat nyambut damel, teng pasar, teng kantor ugi teng sabin, mripate ngantuk di rewangi sholat wengi, maos qur’an, lan sanes-sanesipun boten sanes kepengen angsal  pangkat utawi derajat taqwa.
الله أكبر - الله أكبر - الله أكبر   و للهِ الْحَــمْدُ
Kaum muslimin rohimakumulloh…
Tondo tiyang ingkang sukses wonten ing wulan romadhan sanes dipun ukur namung kalian shiyam nutuk setunggal wulan, tarwehipun mboten nate absen, shalatipun gangsal wekdal ugi mboten gang, infaq sodaqoh lan sak lintunipun, nanging ibadah-ibadah kolowau namung dipun tindakaken wonten ing wulan romadhon mawon, menawi sampun medal saking wulan romadhon amalan ingkang biasanipun ditindakaken sekedik kedik mandap. Malahan blas mboten tindak maleh dateng mesjid, shiyam sunah mboten nate, infaq sodaqoh mboten semangat maleh ugi maos alquran tansah kirang dipun perhatosaken. Pramilo tiyang kolo wau dereng dipun wastani kalian tiyang ingkang taqwa lan sukses wonten ing wulan romadhon. Tondo tiyang ingkang sukses antawisipun tiyang meniko saget istiqomah, rutin, kontinyu ing ndalem ibadahipun senahoso wonten sak lintunipun wulan romadhon.
Ampun ngantos kulo lan panjenengan sedoyo kalebet golongan ingkang dipun sindir Allah Ta'ala wonten ing Surat An-Nahl ayat 92:
وَلَا تَكُونُواْ كَٱلَّتِي نَقَضَتۡ غَزۡلَهَا مِنۢ بَعۡدِ قُوَّةٍ أَنكَٰثٗا
"Siro kabeh ojo dadi koyo dene wong wadon kang ngudari tenunan sakwuse tenunan mahu dadi kukuh banjur dadi udar ora karuan"
Dawuh menika nggambaraken tiyang ingkang sampun kaleksanan nindakaken kesaenan kanti tlaten, sabar awit sekedik nanging sinareng sampun kaleksanan malah lajeng dipun risak piyambak. Puniko setunggaling piwucal saking Allah Ta'ala. Ampun ngantos kulo lan panjenengan sedoyo nglampahi perkawis ingkang sia-sia utawi mboten migunani. Bilih perkawis ingkang sia-sia puniko setunggaling kerugian ingkang langkung ageng.
Poro bapak, poro ibu lan sederek sedoyo, mugi alloh tansah maringi hidayah dumateng kulo lan panjenengan sedoyo.
Ingkang terakhir, sumonggo kulo lan panjenengan sedoyo belajar lan mendet pengajaran saking hikmah-hikmah shiyam Romadhan ingkang sampun nembe kulo lan panjenengan sedoyo lampahi setunggal wulan laminipun.
1.                   Ibadah shiam puniko saged mendidik jiwo kulo lan panjenengan sedoyo tansah DISIPLIN, buktinipun mboten wonten tiang ingkang nindak aken ibadah shiam lajeng mbuko ing wekdal Dhuhur utawi Asar. Sedoyo mesti ta’at, disiplin milai wekdal subuh ngantos dumugining wekdal maghrib nembe sareng-sareng mbuko.
Menawi sikap lan tumindak disiplin ingkang kados makaten puniko kulo lan panjenengan sedoyo lampahaken ing wulan-wulan sanesipun,  fa-Insya Allah gesang kulo lan panjenengan sedoyo tansah tertib, teratur, tenang lan barokah.
2.                   Ibadah shiam puniko saged mendidik jiwo kulo lan panjenengan sedoyo tansah IKHLAS lan SABAR, buktinipun senaoso milai subuh ngantos maghrib saben dinten kulo lan panjenengan sedoyo dipun perintahaken shiam, mboten wonten ingkang nggrundel, sambat lan nesu, wontenipun sedoyo sami nindakaken kanthi ikhlas, sabar, tunduk lan patuh anggenipun ngelampahi kewajiban puniko.
Sumonggo kesabaran lan keikhlasan ingkang sampun kulo lan panjenengan sedoyo bina selama wulan Romadhan puniko kulo lan panjenengan sedoyo agem terus ing sak lebetipun kulo lan panjenengan sedoyo gesang puniko  fa-Insya Allah gesang kulo lan panjenengan sedoyo mangke tansah ayem, tentrem, mboten  manggihi kesusahan soho kesengsaraan.
3.    Ibadah shiam puniko saged mendidik jiwo kulo lan panjenengan sedoyo tansah JUJUR,  buktinipun sak dangunipun  kulo lan panjenengan sedoyo nindak-aken ibadah shiam, wonten pundi kemawon manggenipun (wonten dalem, wonten kantor, wonten sabin, sahinggo wonten ing papan sepi saking tiang sanes), mboten wonten ingkang wanton ngunjuk utawi ndahar sak derengipun titi-wanchinipun mbuko. Amargi sedoyo sami percados senahoso mboten dipun presane manungso nanging Allah tansah mresani dumateng tumindak kulo lan panjenengan sedoyo.
Sifat jujur Ingkang makaten puniko sumonggo kulo lan panjenengan sedoyo praktek-aken ing saben dintenipun kulo lan panjenengan sedoyo gesang puniko, wonten ing pundi kemawon panggenanipun lan menopo kemawaon profesinipun. Ingkang dados petani, pedagang, kuli, tukang, pegawai negeri, Kepala Desa, perangkat / pamong, lembaga lan samudayanipun, sumonggo dipun kulinakaken tumindak JUJUR FA-Insya Allah gesang kulo lan panjenengan sedoyo MAKMUR.
4.         Ibadah shiam puniko saged mendidik jiwo kulo lan panjenengan sedoyo remen dateng kesaenan, welas asih, tenggang rasa sesami ummat (khususipun ingkang tergolong miskin). Amargi punopo ? Sak dangunipun kulo lan panjenengan sedoyo nindakaken shiam mestinipun saged ngeraosaken langsung raosipun tiang mboten dahar lan mboten ngunjuk, dados mesti kemawon jiwo lan manah kulo lan panjenengan sedoyo saged tergugah sak mboten-botenipun saged mbayangaken penderitaan tiang ingkang mboten saged ndahar-ngunjuk amargi kekirangan pangupo jiwo utawi golongan fakir miskin. Walhasil akhiripun kulo lan panjenengan sedoyo cenderung dados insan ahli shodaqah.
Milo saking meniko sak sampunipun wulan Romadhon, monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ningkataken to’at dateng gusti Allah.
Abu Yazid, ngucap:
لَيْسَ اْلعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ اْلجَدِيْدَ, وَلاَ لِمَنْ اَكَلَ اْلقَدِيْدَ, وَلَكِنَّ اْلعِيْدُ لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ, وَخَافَ اْلوَعِيْدَ.
Artine: “riyoyo niku dudu kanggo piyantun kang nyandang anyar tur mangan dendeng enak, nanging riyoyo niku kanggone piyantun kang ketaatane marang Alloh biso tambah lan wedi marang ancaman siksane.”
الله أكبر - الله أكبر - الله أكبر   و للهِ الْحَــمْدُ
Hadirin wal hadirot Jamaah sholat id Rahimakumullah
Wonten ing dinten fitri meniko monggo kulo lan panjenengan sedoyo sami salaman, berjabat tangan kanti niat sami ngapuro-ngapuronan, maaf memaafkan kanthi ikhlasipun manah.
وَلْيَعْفُوا وَلْيَصْفَحُوا أَلَا تُحِبُّونَ أَنْ يَغْفِرَ اللَّهُ لَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ 
"...lan sayogyane menungso podo ngapuro-ngapuronan lan podo lapang dada. Opo siro kabeh ora seneng yen gusti Allah ngapuro marang siro kabeh? Lan Allah Maha Ngapuro, Maha Penyayang." (QS. An Nuur, 24:22)
Mekaten ingkang saget kulo aturaken, mugi maringi manfaat lan faedah dumateng kulo lan panjenengan sami. Mugi-mugi Allah nampi amal ibadah kulo lan panjenengan sedoyo wonten ing wulan romadhon. Amin.. Kirang langkungipun kulo namung saget nyuwun pangapunten.

جَعَلَنَا اللهُ وَ إِيَّاكُمْ مِنَ الْعَآئِدِيْنَ الْفَآئِزِيْنَ الْآمِنِيْنَ , وَ أَدْخَلَنَا وَ إيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُتَّـقِيْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ الْمُوْقِنِيْنَ . وَ قُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَ ارْحَمْ وَ أَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Categories:

0 komentar:

Posting Komentar

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!