Kamis, 23 Oktober 2014

Ing nagari kita sedaya katah pendakwah-pendakwah ingkang maringi siraman rohani dateng umatipun. Nanging, punapa kanti kathahipun pendakwah-pendakwah menika saget mbekta pengaruh majeng kagem umat? napa tambah dinten tambah minggah umat ingkang sae, napa tambah dinten tiyang kathah ingkang bidhal dateng panggenan ibadah? napa tambah dinten moral umat  tambah sae uga ningkat? 
Kita sedaya saget introspeksi awak kita sedaya, napa pandamel kita sedaya berubah, amal ibadah kita meningkat sak sampunipun kita sedaya mirengaken ceramah-ceramah, khutbah utawi pengaosan-pengaosan? Kita sedaya saget introspeksi awak kita piyambak

Kajawi punika, kita sedaya saget ningali lingkungan kita sedaya. Warta-warta ing televisi kala niki kathah paring pawarta babagan kemerosotan moral manungso. Awit saking korupsi, suap, konsumsi narkoba, tawuran remaja, ugi remaja ingkang sampun boten wirang numindakaken free sex utawi perzinahan, maling, ngrampok, pamejahan ugi taksih kathah malih warta babagan dekadensi moral ingkang kedadosan ing lingkungan kita sedaya.

Padahal, ingkang sampun kita sedaya mangertosi ing nagari kita sedaya katah pendakwah-pendakwah ingkang ngajak dhateng kesaenan. Saben dinten utaminipun ing wulan Ramadhan katah penceramah ingkang maringi siraman rohani utawi pitutur-pitutur ingkang sae. Allah berfirman wonten ing Surat Al- Asr: 

وَٱلۡعَصۡرِ ١  إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَفِي خُسۡرٍ ٢  إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلۡحَقِّ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلصَّبۡرِ ٣
artine : Demi masa. sayekti manusia kuwi bener-bener ono jero kerugian, kajaba wong-wong sing mangandel lan ngerjakne amal saleh lan celathon nyelathoni supaya noati kebeneran lan celathon nyelathoni ing kesabaran. 

Hadirin jamaah sholat Jum’ah ingkang minulyo

Menawi pitutur-pitutur sae sampun mboten dipun anggep, menapa ingkang kedadosan? Tentu kemawon ingkang kedadosan inggih punika kemerosotan moral.
Ing kesempatan niki, kula ngemutaken dhateng awak kula piyambak khususipun uga dhateng hadirin ing umumipun tansah dandosi utawi njagi moral kita sedaya. amargi, kita sedaya mboten nengga teguran saking Allah amargi kesupen lan nindakaken larangan-laranganipun Allah.
Allah dawuh: 

ظَهَرَ ٱلۡفَسَادُ فِي ٱلۡبَرِّ وَٱلۡبَحۡرِ بِمَا كَسَبَتۡ أَيۡدِي ٱلنَّاسِ لِيُذِيقَهُم بَعۡضَ ٱلَّذِي عَمِلُواْ لَعَلَّهُمۡ يَرۡجِعُونَ ٤١
Artine: “ Wes ketok karusakan neng darat lan segoro amarga panggawe tangan manungsa supaya Allah rumangsakne marang deekne kabeh saka (akibat) panggawe dekne kabeh. Ben dekne kabeh bali (menyang dalan sing bener).” (QS. Ar-Rum:41) 

Menawi kita sedaya cermati bilih karisakan alam  dipun akibataken sifat rakus manungsa ingkang mboten bijaksana anggenipun ngrumat soho manfaataken kekayaan alam. Kerakusan inggih punika kosok wangsulipun saking sifat qonaah. Sifat rakus ngrupikaken kemerosotan moral manungsa piyambak.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah 

Kita sedaya mangertosi menawi kajawi dipun sukani nurani ingkang  njejegaken sifat-sifat ketuhanan (al-khuluq), wonten ing awak kita sedaya ugi enten hawa nafsu ingkang cenderung dateng materi. Saben kala kedadosan tarik-tarikan antawis kekalihipun. Menawi ingkang menang  nafsu, mila manungsa badhe mandhap derajat uga moralipun. Semanten ugi menawi nurani saged ngalahaken nafsu,tiyang kasebat bade dipun angkat derajatipun deneng Allah Swt.

Jam’ah Jum’ah rahimakumullah 

tembung moral asring identik (sami)  kaliyan budi pekerti, adab, etika, tatakrama lan lintunipun. Ing basa arab asring dipun sebat kaliyan tembung al-akhlaq utawi al-adab. Al-Akhlaq bentuk jamakipun “al-khuluq”, artosipun budi pekerti utawi moralitas. Tembung ingkang dipun sebat namung kaping kalih wonten ing al-Quran setunggal wonten ing surat al-Syuara 137 

إِنْ هَذَا إِلَّا خُلُقُ الْأَوَّلِينَ
sing artine: “(agama iki) iki ora liya mung adat kebiyasan wong dhisik.” 
Uga ingkang kaping kalih lebet surat al-Qalam 4; 

وَإِنَّكَ لَعَلى خُلُقٍ عَظِيمٍ
ingkang artosipun: “saktemene siro (Muhammad) ana pakerti sing agung.” 
Wonten ing agami Islam, Kristen, Hindu sarto Budha, moral yaiku pondasi ingkang kedah kiyat uga tetep wetah. Gesang tanpo moral kados badan tanpo sirah. Boten badhe kanaman badan ingkang sampurna menawi sirah punika boten enten. Mila mekaten, gesang tanpo entenipun moral boten badhe sampurna. Rasulullah Saw piyambak dipun utus dening Allah supados nyampurnakaken moral ingkang mulia (makarimal akhlaq). 

Jamaah Jum’ah Rahimakumullah 

Kemerosotan moral niki saget menimpa sinten kamawon. Boten praduli piyambakipun gadah kedudukan utawi jabatan ingkang inggil. mboten praduli piyambakipun gadah rupo elok utawi awon. Boten praduli piyambakipun kaum berduit utawi kaum papa, pinter menapa tiyangipun ngantos bergelar kesarjanaan inggil, piyambakipun saget terjerat dening hawa nafsu. Amargi Allah sampun ngunci manah uga pamirenganipun amargi piyambakipun menangaken hawa nafsunipun.
Allah dawuh:
 أَفَرَءَيۡتَ مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَٰهَهُۥ هَوَىٰهُ وَأَضَلَّهُ ٱللَّهُ عَلَىٰ عِلۡمٖ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمۡعِهِۦ وَقَلۡبِهِۦ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِۦ غِشَٰوَةٗ فَمَن يَهۡدِيهِ مِنۢ بَعۡدِ ٱللَّهِۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ ٢٣
artine: “Mula opo kowe nate ndeleng wong sing dadekne hawa nafsune dadi pangerane lan Allah nyasarake dheweke ingatase elmu-Ne lan Allah wis ngunci mati pangrungon lan atine lan pandelokane ditutup? mula sapa sing arep menehi pituduh sawise Allah (dheweke sesat). mula geneya kowe ora njupuk piwulang?” (QS. Al-Jaathiya : 23)

Lajeng kados pundi upoyo kito sedoyo jagi moral saking godaan hawa nafsu wonten ing zaman modern meniko? Salah satunggalipun sebab moral merosot inggih punika lunturipun keimanan utawi kapitadosan dateng Allah, dinten akhir ugi piwales syurga-neroko. Milo saking meniko salah satunggalipun cara jagi moral kito sedoyo kanti tansah ngatah-ngatahaken eling dateng Allah utawi dzikrullah.

Ma’asyirol muslimin jamaah Jum’ah ingkang berbahagia 

Dzikir yaiku samukawis ingkang enteng amargi arupi ucapan, nanging ageng sanget ginanipun kunjuk kita sedaya.  Nanging kita sedaya katah ingkang kesupen dzikir, amargi kesibukan kita sedaya saben dinten.
Syaikhul Islam Ibnu Taimiyyah nate wicanten, Dzikir kunjuk manah ibarat toya kunjuk ulam. menapa dadosipun menawi ulam dipun medalaken saking toya? 
Ngendikanipun Ibnu Taimiyyah kesebat patut kita sedaya renungaken. Napa pancen manah kita sedaya sampun dipun isi nutrisi ingkang sae utawi dereng? Amargi, nutrisi ingkang nami dzikir niki sanget wigati kunjuk manah. Manah ingkang mboten nate dzikir ngeling Allah, mila saget dadosaken manah ingkang pejah. Uga menawi manah sampun pejah, mila hawa nafsu ingkang badhe salajeng ginem. 
Wodening ginanipun dzikir antawisipun inggih punika: 

Setunggal, dzikir yaiku daharan pokok  kunjuk manah ugi roh. Menawi tiyang kecalan dzikir punika, mila piyambakipun wonten awak ingkang boten nate dahar.
Abu Musa al-Asyari ngeriwayataken menawi Rasulullah dawuh, “Umpamane wong sing dzzikir marang Allah karo wong sing ra tau dzikir iku koyo wong sing urip lan wong sing mati.” (HR. Bukhori)
kaping kalih, dzikir saged ngicalaken kesedhihan uga kegelisahan lebet manah. kaliyan dzikir mila manah dados tentrem uga tenang. Kados syi’ir jawi, “ tombo ati iku limo ing wernane. Kaping pisan moco qur’an sak maknane. Kaping pindo sholat wengi lakonono, kaping telu wong kang sholih kumpulono, kaping papat weteng kudu ingkang luwe. Kaping limo dzikir wengi ingkang suwe.”
Salah satunggal jampi manah yaiku dzikir ingkang dangu ing dalu dinten. Rikala tiyang sami tilem, kita sedaya wungu sholat uga dzikir. 
Allah dawuh: 

ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَتَطۡمَئِنُّ قُلُوبُهُم بِذِكۡرِ ٱللَّهِۗ أَلَا بِذِكۡرِ ٱللَّهِ تَطۡمَئِنُّ ٱلۡقُلُوبُ ٢٨
(yaiku) wong-wong sing mangandel lan ati dekne kabeh dadi tentram karo ngeling Allah. Elinga, mung karo ngeling Allah-lah ati dadi tentram. (QS. Ar-Rad28 )

ketelu, dzikir ndamel hamba dipun eling dening Allah nalika tiyang dzikir, eling marang Allah, mila Allah bakal eling marang hambanipun. Yektos kabejan tiyang ingkang dipun eling marang Allah.
فَٱذۡكُرُونِيٓ أَذۡكُرۡكُمۡ وَٱشۡكُرُواْ لِي وَلَا تَكۡفُرُونِ ١٥٢
Amarga kuwi, elinga kowe marang Aku, mongko Aku eling (uga) marang awakmu lan podo syukuro marang Aku lan ojo ngufuri nikmat-Ku” (QS.Al-Baqoroh152)

kaping sekawan, tiyang ingkang tansah dzikir utawi eling Allah dipun tebihaken saking maksiat. Nalika piyambakipun eling Allah uga nyumerepi bilih Allah mirsani menapa ingkang dipun lampahi. Mangka piyambakipun isin uga ajrih numindakaken maksiat.
Cobi kita sedaya tingali, mesti mboten wonten tiyang ingkang sakderenge mendem, judi, mlebet teng lokalisasi maos “bismillahirrohmanirrohim”. Berarti dzikir meniko nebihaken saking maksiat.

 Ma’asyirol muslimin rahimakumullah 

Kados ingkang sampun kula sebataken ing inggil bilih kemerosotan moral keranten menungso sampun ngicalaken kawontenan Pangeran (eksistensi Tuhan) wonten ing manahipun. Mila saking punika, kados ingkang dipun sebataken dening Prof. Jaques Barzun bilih kita sedaya kedah mangsulaken Pangeran dhateng kelenggahanipun ingkang sayektos. (restore god to the fullness of his reality).
Salah satunggal cara ndhatengaken Pangeran (Gusti Allah) yaiku kaliyan ngeling utawi dzikir marang Allah. Dzikir saget kita sedaya tumindakaken wonten pundi kemawon. Ing panggenan nyambut damel, ing panggen ibadah, lan sanes-sanesipun. Mbok menawi amargi kesibukan kita sedaya uga keluarga, dadosipun kita kesupen utawi boten kober dzikir, saenipun dzikir meniko kita programaken. Kados, wonten ing keluarga gadahi program sholat maghrib kanti jamaah ing griya kaliyan keluarga lajeng dipun isi dzikir sareng. Wonten ing sekolahan-sekolahan ugi saget dipun programaken sewulan pisan dzikir sareng. Senahoso biasanipun dzikir sareng wonten ing sekolahan menawi nyeraki ujian nasional. Tentu kemawon dzikir sareng niki boten namung gadah tujuan kersane dipun paringi kelancaran wonten ing ujian utawi sinau. Nanging ugi saget njagi pandamel siswa saking kemerosotan moral.
 
Ma’asyirol muslimin rohimakumullah 

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken. mugi-mugi kita sedaya tansah pinaringan pitulung dening Allah Swt saking pengaruh hawa nafsu ingkang saget nyesataken kita sedaya.

Selasa, 21 Oktober 2014

Jama’ah Jum’at yang dirahmati Allah

Pada bulan Oktober ini, setiap tahun di Negara kita diperingati hari peringatan Sumpah Pemuda, yaitu tanggal 28 Oktober. Hari yang sangat bersejarah bagi kemerdekaan bangsa Indonesia. Karena pada masa itu bangsa Indonesia berada dalam belenggu penjajah dan kemudian para pemuda berinisiatif untuk bangkit dan bersatu mengusir penjajah. Akhirnya sepakat dan terjadilah Sumpah Pemuda.

Pada kesempatan kali ini saya hendak menengok kembali sejarah. Karena, sebagaimana kata Bung Karno “Jangan sekali-kali melupakan sejarah”. Jika kita melihat kembali sejarah perjuangan bangsa ini, tokoh ataupun pejuang-pejuang yang membela tanah air adalah para pemuda. Apabila kita mendatangi Taman Makam Pahlawan disitu tertulis daftar pahlawan yang gugur mayoritas adalah pemuda.

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Belajar dari Sumpah Pemuda, ada catatan sejarah yang sangat berharga di dalamnya. Butir-butir dalam Sumpah Pemuda itu tidak hanya semata-mata disusun untuk menjadi hasil yang membantu kaum muda menjawab kebutuhan kemerdekaan dari penjajahan saat itu. Melainkan lebih dari itu, Sumpah Pemuda telah menjadi spirit yang terus terpatri dalam hati sanubari para pemuda itu. Suatu spirit yang dibangun atas dasar kesamaan nasib dan cita-cita. Yang kemudian dibungkus dengan komitmen untuk senasib sepenanggungan sebagai satu bangsa, satu tanah air yang pertama-tama ditandai dengan disepakatinya bahasa universal antar bangsa, bahasa Indonesia.

Semangat Sumpah Pemuda mencapai klimaksnya pada 17 Agustus 1945 ketika Soekarno-Hatta atas nama bangsa Indonesia memproklamasikan kemerdekaan Indonesia. Sejak itu, Indonesia yang terdiri atas berbagai etnis, agama, dan golongan menjadi bangsa yang merdeka dan bersatu.

Lalu bagaimana dengan keadaan zaman sekarang? Kita bisa melihat sendiri disekitar kita. Mereka yang tawuran, terlibat pencurian, pecandu narkoba, sampai koruptor adalah para pemuda. Walau pun masih banyak pemuda yang mengisi kemerdekaan ini dengan mengukir prestasi. Melalui belajar sungguh-sungguh dan berprestasi melalui olahraga, pendidikan dan lain sebagainya. Mereka yang mengharumkan nama bangsa dikancah internasional juga pemuda.

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Masa muda merupakan masa sempurnanya pertumbuhan fisik dan kekuatan seorang manusia. Itu merupakan nikmat besar dari Allah Ta`ala yang seharusnya di­manfaat­kan dengan sebaik-sebaiknya untuk amal kebaikan guna meraih ridha-Nya.

Masa muda adalah masa yang penuh dengan godaan untuk memperturutkan hawa nafsu. Seorang pemuda yang sedang dalam masa pertumbuhan fisik maupun mental, banyak mengalami gejolak dalam pikiran maupun jiwa, yang tak jarang menyebabkan hidup­nya terguncang.

Dalam kondisi seperti itu, peluang terjerumus kedalam keburukan dan kesesatan yang dibisikkan setan sangatlah besar. Apalagi Iblis yang telah bersumpah di hadapan Allah SWT bahwa dia akan menyesatkan manusia dari jalan-Nya dengan menempuh segala cara,

“Iblis berkata: ‘Karena Engkau telah menghukumku ter­­sesat, aku benar-benar akan (menghalangi-halangi) ma­nusia dari jalan-Mu yang lurus. Kemudian aku akan mendatangi mereka dari muka dan dari belakang mereka, dari kanan dan dari kiri mereka, dan Engkau tidak akan mendapati kebanyakan mereka bersyukur (taat).” (QS al-A`raf: 16-17)

Agama Islam memberi perhatian sangat besar ter­hadap upaya perbaikan mental para pemuda. Karena generasi muda hari ini adalah pemeran utama di masa yang akan datang. Merekalah fondasi yang menopang masa depan umat ini. 

Karena itu, banyak ayat al-Qur’an dan hadis yang mendorong kita agar membina dan mengarahkan para pemuda kepada kebaikan. Karena jika mereka baik maka umat ini akan memiliki masa depan yang cerah. Generasi tua akan digantikan dengan generasi muda yang shaleh.

Rasulullah SAW juga bersabda, “Ada tujuh golongan manusia yang akan dinaungi Allah dalam naungan (Arsy-Nya) pada hari yang tidak ada naungan  kecuali naungan-Nya: …dan seorang pemuda yang tumbuh dalam ibadah (ketaatan) kepada Allah.” (HR Bukhari dan Muslim).

Hadirin jamaah Jum’at yang berbahagia

Dalam Al-Qur’an, pemuda disebut dengan fatan. Misalnya sebutan fatan untuk Nabi Ibrahim muda, yang ketika itu sedang dicari oleh Raja Namrud karena dituduh menghancurkan patung-patung berhala. Fatan yuqaalu lahu Ibrahim. Juga sebutan fityatun untuk para pemuda Ashabul Kahfi. Innahum fityatun amanuu birabbihim wa zidnaahum hudaa.

Sedangkan dalam Hadits, pemuda disebut sebagai syaab. Misalnya dalam hadits “Lima Perkara Sebelum Lima Perkara Lainnya”: syabaabaka qabla haramika (masa mudamu sebelum masa tuamu). Juga dalam hadits “Tujuh Golongan Yang Mendapat Naungan Allah”: syaab nasya-a fii ‘ibadatillah (seorang pemuda yang tumbuh besar dalam ibadah dan taat kepada Allah).

Dari sisi usia, pemuda terbagi ke dalam dua fase yaitu fase puber/remaja berusia antara 10 sampai 21 tahun, dan fase dewasa awal berusia antara 21 sampai 35 tahun. Sebagian berpendapat bahwa siapapun yang berusia dibawah 40 tahun semenjak ia menjadi baligh bisa disebut sebagai pemuda. Barangkali patokannya adalah usia kerasulan Muhammad saw, yaitu 40 tahun.

Mengapa pemuda? Alasan pertama, karena pemuda adalah generasi penerus, yaitu generasi yang meneruskan generasi sebelumnya yang baik. Allah SWT berfirman,
Dan orang-orang yang beriman, dan yang anak cucu mereka mengikuti mereka dalam keimanan, Kami hubungkan anak cucu mereka dengan mereka, dan Kami tiada mengurangi sedikitpun pahala amal mereka.” (QS. Ath-Thur : 21)

Alasan kedua, karena pemuda adalah generasi pengganti, yakni menjadi pengganti generasi sebelumnya yang buruk dan tidak taat kepada Allah. Allah SWT berfirman,
 “Hai orang-orang yang beriman, barang siapa di antara kamu yang murtad dari agamanya, maka kelak Allah akan mendatangkan suatu kaum yang Allah mencintai mereka dan mereka pun mencintainya.” (QS. Al-Maidah : 54)

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah

Lahirnya sumpah pemuda pada tanggal 28 Oktober 1928 yang kini kita kenang selalu, adalah bukti kongkrit pentingnya masa muda sebagai titik tolak idealisme menuju pembaharuan hidup yang lebih baik. Baik secara individu, sosial, politik dan negara. Karena itu, setiap kita berbicara perbaikan sebuah negara, mulailah pertama kali dari perbaikan genarasi mudanya. Jangan bermimpi memperbaiki negara, bila pemudanya hancur secara spiritual, hidup dalam gelimang dosa dan kebobrokan moral. Generasi muda hari ini adalah cerminan masa depan sebuah negara. Oleh karena itu, sudah saatnya kini generasi muda dijaga. Jangan biarkan mereka berjalan tanpa tuntunan. Tugas generasi tua adalah memberikan bimbingan, bukan melemparkan mereka ke lubang kehancuran. Bukan orang tua yang baik, bila membiarkan anak-anak mudanya rusak iman dan idealismenya.

Ingat, bahwa hanya dengan iman kokoh anak-anak muda akan menjadi sukses. Sukses secara keduniaan, lebih dari itu sukses secara akhirat. Maka sungguh sangat mengerikan bila kurikulum pendidikan hanya fokus kepada masalah-masalah keduniaan. Di sana-sini kita masih menyaksikan banyak sekolah yang hanya bisa mengantarkan anak-anak didiknya kepada keberhasilan secara dunawi, namun secara akhlak dan agama mereka gagal. Akibatnya banyak anak muda yang terbiasa berbuat maksiat dengan tanpa merasa malu di depan siapapun. Na’udzubillah..

Untuk mewujudkan pemuda yang berkualitas, maka paling tidak ada tiga institusi yang mempunyai pengaruh sangat efektif, yaitu:
a.       Keluarga : dalam pengertian sempit mencakup kedua orangtua, saudara dan kerabat. Dalam pengertian luas mencakup teman, tetangga, masyarakat secara keseluruhan.
b.      Masjid : memberi pengaruh yang baik bagi jiwa pemuda.
c.       Sekolah meliputi unsur-unsur yang ada didalamnya seperti buku, peralatan, metode, dan hal-hal yang mempengatuhi.

Para pemuda sangat dituntut untuk mempersiapkan dirinya guna menyongsong masa depan agama, bangsa dan negara yang cerah.

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Akhir kata, marilah kita mempersiapkan generasi muda untuk membangun kehidupan masyarakat bernegara yang bermoral dan berakhlak baik.



Jumat, 03 Oktober 2014

Ma’asyirol muslimin jamaah sholat idul adha ingkang berbahagia
Sakderengipun, monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ningkataken iman soho taqwa kito dateng Allah Swt. Sarto boten kesupen tansah ngraosaken syukur dumateng Allah Swt. Keranten wonten ing enjang meniko, kulo lan panjenengan sami tasih pinaringan nikmat, hidayah lan ma’unah saking Gusti Allah sehinggo wonten ing enjing meniko tasih menangi dinten ingkang mulyo, inggih puniko riyadin qurban utawi idul Adha.
Hadirin kaum muslimin muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah SWT
Enjing meniko kulo lan panjenengan sodoyo sami ngagungaken asmanipun Allah, sedoyo sami ngetingalaken kebahagiaanipun, jaler, estri, sepuh enem sedoyo medal saking dalemipun saperlu jumenengaken sholat Idul Adha, utawi Idul Qurban. Kawontenan meniko ngemutaken dateng kito sedoyo, bilih kito supados nulodho perjuanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim alaihis salam ingkang sampun dipun serat wonten Al-Qur’an. Sejarah Rasul ingkang jejuluk kekasih Allah (Kholilulloh) meniko diserat ndamel tinta emas wonten buku-buku sejarah. Sikap tabah lan teguhipun ing dalem nglampahi perintah Allah, andadosaken Nabi Ibrohim dados panutan umat sepanjang zaman.
Sampun sami kito mangertosi bilih riyoyo qurban utawi Idul Adha meniko bersumber saking ceritanipun Nabi Ibrahim lan putranipun, Ismail. Sejarah lan riwayat ingkang wonten saklebetipun Idul Adha meniko boten namung kadamel dongeng-dongengan, cerito-ceritonan mawon. Nanging punopo ingkang dipun wujudaken deneng Allah meniko damel i’tibar, tamsil, contho, tulodho, dados pelajaran ugi pepenget kangge umat menungso sedoyo.
Dawuhipun Allah:
وَتِلۡكَ ٱلۡأَمۡثَٰلُ نَضۡرِبُهَا لِلنَّاسِۖ وَمَا يَعۡقِلُهَآ إِلَّا ٱلۡعَٰلِمُونَ ٤٣
Ingkang maksudipun : conto-conto sing wis tak gawe iku kabeh kanggo keperluane menungso. Amung wae sing biso ngerteni marang maksud lan arti contho-contho mou namung wong-wong sing podo duwe kaweruh, yoiku wong-wong sing podo gelem gunakake akal pikirane kanggo mikir lan menggalih marang conto-conto mau.
Semanten ugi sejarahipun Nabi Ibrahim AS ingkang pikantuk dawuh saking Allah supad nyembelih putro kinasihipun Ismail. Mekaten wou leres-leres wonten piwucal lan pepenget dateng poro menungso.
sebab punopo nabi Ibrahim ingkang dados conto? Boten nabi ingkang sanesipun?
Wonten ing kitab tafsiripun, imam Ibnu Katsir jelasaken bilih Allah Swt ngutus 313 Rasul lan 124 ewu nabi. Lan salah setunggalipun nabi ingkang dados panutan inggih puniko Nabi Ibrahim As.

قَدۡ كَانَتۡ لَكُمۡ أُسۡوَةٌ حَسَنَةٞ فِيٓ إِبۡرَٰهِيمَ وَٱلَّذِينَ مَعَهُ
Saktemene ono conto sing apik kanggo siro kabeh marang Ibrahim lan wong-wong sing bareng Ibrahim. (QS. Al-Mumtahanah:4)

Ma’asyirol muslimin jamaah sholat idul adha rahimakumullah
Menopo sebabipun Allah ta’ala dawuh perintah dateng kekasihipun Nabi Ibrohim AS supados nyembelih putronipun? Naliko nabi Ibrahim dereng kagungan putro nate kagungan nadzar ingkang ringkesipun: aku ora eman lamun aku duwe anak lanang banjur anakku tak gawe qurban, tak sembelih menawi didawuhi Allah.
Sakwatawis dangu, panjenenganipun nabi Ibrahim nyuwun dateng Allah supados dipun paringi putro. Akhiripun nabi Ibrohim kasembadan keparingan putro ingkang dipun paringi asmo Ismail. Naliko sampun dewoso nabi Ibrahim dipun tagih utawi dipun uji deneng Allah supados nyembelih putranipun. Ingkang akhiripun kalih Allah dipun ijoli mendo naliko nabi Ibrahim bade nyembelih Ismail.
Allahu akbar..allahu akbar walillahilhamd
Sejatosipun tradisi qurban utawi nyembelih qurban sampun dikenal dangu.Kados kisah putranipun Nabi Adam, Qobil lan Habil. Kisahipun, Qobil lahir sareng sederek putri ingkang ayu ingkang asmo Iqlima. Habil lahir sareng sederek putri ingkang asmo Labuda ingkang boten ayu. Wonten ing ajaran Nabi Adam dipun anjuraken nikahaken sederek kandung putri angsal sederek jaler saking lintu ibu. Artosipun, Qobil kedah nikah kaliyan Labuda Habil nikah pikantuk Iqlima. Amargi Labuda boten ayu, qobil boten terimo. Akhiripun Qobil Habil sepakat maringi qurban dateng Allah. Qobil qurban tanduran utawi bondo ingkang awon, Habil qurban mendo ingkang paling sae. Akhiripun qurban Habil ingkang dipun tampi Allah Swt.
Wonten riwayat, simbah ipun Nabi Muhammad, Abdul Mutholib nate nadzar menawi dipun paringi putro jaler 10 bade nyembelih setunggal kagem qurban. Akhiripun dipun ijabahi Allah lan undian putro ingkang disembelih dumawah dateng ramanipun Nabi Muhammad, Abdullah. Ngertos nadzaripun Abdul Mutholib, kaum Quraisy nyegah supados nadzaripun digantos nyembelih 100 unta. Sehinggo Nabi Muhammad enten ingkang juluki ‘putro 2 sesembelihan’’ inggih puniko Ismail bin Ibrahim lan Abdullah bin Abdul Mutholib
Persembahan kanti nyembelih menungso sampun dikenal tradisi agama masa Mesir kuno, India, China lan sanes-sanesipun. Kaum Yahudi ugi qurban menungso dugi masa Perpecahan (tahun 4-5 SM). Wonten ing sejarahipun umat Yahudi gantos qurban menungso dados qurban sebagian saking anggota tubuhipun. Kados khitan. Ingkang akhiripun tradisi nyembelih menungso dipun gantos qurban hewan utawi barang berharga lintunipun.

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah

Ingkang sampun kulo aturaken wonten ing ngajeng kolowou, bilih kisah-kisah ingkang dipun sebataken Allah meniko mengku tulodho utawi piwucal dumateng kulo lan panjenengan sedoyo.
Hikmah ingkang saget kito pendet wonten ing idul adha inggih puniko

1 Taqorub utawi ibadah ngeparek marang Allah.

Lafad qurban saking bahasa Arab qoroba yaqrobu qurbanan ingkang gadahi arti cerak, parek, cedak. Artosipun tiyang ingkang qurban berarti ngeparek marang Allah. Amargi qurban salah satunggalipun coro ngeparek marang Allah. Lan sak sampunipun umat ngeparek marang Allah, mesti Allah bakal ngangkat derajat umat kalawou. Kados ingkang sampun dipun contohaken Nabi Ibrahim rikolo dipun perintah nyembelih putro kinasihipun.Nanging kalih Allah dipun gantos mendo. Amargi ketoatan Nabi Ibrahim lajeng Allah ngangkat derajatipun. Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo ingkang sami qurban kanti manah ingkang ikhlas lan sae dipun tampi deneng Allah lan saget dados lantaran derajat kulo panjenengan sami diangkat deneng Allah. Amin
Wonten ing gesang meniko boten enten alasan nopo kemawon ingkang saget ngalang-ngalangi kulo lan panjenengan sedoyo ngibadah ngeparek marang Allah. Senahoso kito gesang kanti ekonomi ingkang pas-pasan boten saget alasan ‘aku ngibadah wis suwe ora sugih-sugih’. Contonipun Nabi Ayub ingkang mlarat nanging tasih tansah ngibadah, dzikir marang Allah. Ingkang sugih ugi mekaten. Boten saget alasan amargi repot pendamelan boten sempat sholat lan sanes-sanesipun.
Wonten ing kitab Misykatul Anwar anggitanipun Imam Ghozali nyebataken bilih Nabi Ibrahim gadah ternak arupi 1000 ekor domba, 300 sapi lan 100 unta. Riwayat lintu ngendikakaken bilih kekayaanipun Nabi Ibrahim 12.000 ternak. Nate Nabi Ibrahim ditangkleti, “Kagungane sinten ternak sakmenten katahe?” Nabi Ibrahim jawab, “Kagungane Allah. Nanging sak iki isih dadi wekku. Sak wayah-wayah Allah ngersakake mundut, aku bakal nyerahke kabeh. Ora mung ternak. Anakku, Ismail yen Allah nyuwun bakal aku wenehke.”
Meniko lah tulodo saking Nabi Ibrahim. Senajan gadah kekayaan ingkang katah nanging boten ngalang-ngalangi saking ibadah, eling marang Allah.

2 Qurban nglatih, didik keikhlasan.

Tiyang ingkang ikhlas lan siap berkorban biasanipun tegar, tabah menawi wonten cobaan ugi penderitaan. Kados Nabi Ibrahim ingkang dipun perintahaken nyembelih putranipun. Keranten raos ikhlas dateng perintahipun Allah, Nabi Ibrahim saget tegar lan tabah, boten gersulo.
Keikhlasan saget nebihaken tiyang saking sifat zalim / nganioyo. Tiyang ingkang ikhlas wonten nopo kemawon boten bakal nglarani tiyang sanes. Ugi tiyang ingkang ikhlas meniko biasanipun sanggup mengorbankan diri kagem kepentingan umat. Ibarat lilin, tiyang ingkang ikhlas membiarkan dewekke kobong lan meleleh supados cahayanipun saget nerangi sekitar, nerangi keluarga, nerangi tetangga lan masyarakat.
Tiyang ingkang ikhlas berkurban ugi boten bakal zolim dateng awake dewe. Ateges tiyang ikhlas bakal berkorban kanti bondo ingkang sahe. Milo wonten ing ibadah kurban dipun syarataken sesembelihan qurban ingkang sahe boten cacat.
Nanging perlu kulo lan panjenengan sedoyo mangertosi bilih sanes kuru utawi lemune qurban. Sanes ugi daging utawi getihipun ingkang dipun tampi Allah. Ananging ingkang dipun tampi inggih puniko taqwanipun tiyang ingkang qurban. Tiyang ingkang taqwa mesti mempersembahkan ingkang paling sae dateng Dzat Ingkang Dadosaken, Allah Swt.
لَن يَنَالَ ٱللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَآؤُهَا وَلَٰكِن يَنَالُهُ ٱلتَّقۡوَىٰ مِنكُمۡۚ
                “Allah ora nompo daging lan ora getehe qurban. Nanging Allah nompo taqwa siro kabeh”

3. bucal sifat hewani.

Qurban ingkang arupi nyembelih hayawan saget dados simbol kagem ingkang qurban, inggih puniko nyembelih sifat-sifat hewan ingkang manggen wonten ing jiwo kito. Hayawan meniko, kados mendo, sapi, unto gadah sifat menawi pados panganan, suket, tanduran-tanduran boten peduli kangungane sinten. Sing penting ijo, nggih dipun pangan. Semanten ugi manungso enten ingkang gadahi sifat mekaten. Boten peduli saking pundi asalipun pados rejeki. Boten peduli niku haram utawi halal. Boten peduli niku cecak utawi kadal. Boten peduli niku watu nopo aspal. Boten peduli niku sepatu nopo sandal. Sing penting saget diuntal. Kadang enten ingkang pados rejeki kanti nyikut rencange, ngidak-ngidak sedulure, kados hayawan ingkang angsal panganan nanging boten terimo menawi enten hayawan lintu derek mangan. Na’udzubillah. Hayawan meniko boten mangan panganan saklintune panganane. Kados mendo, sapi ingkang mangan suket. Macan ingkang mangan daging. Menawi sapi diparingi daging boten purun mangan semanten ugi macan diparingi suket boten purun mangan. Menawi kulo lan panjenengan sedoyo, nopo-nopo purun.
Milo kanti wontenipun ibadah qurban meniko kulo lan panjenengan sami bucal  sifat-sifat hewaniyah ingkang wonten ing jiwo kito. Menawi kulo lan panjennegan sedoyo boten bucal lan tasih anggadahi sifat meniko berarti kulo lan panjenengan sedoyo sami kalih hewan bahkan luwih ino saking hewan meniko.
وَلَقَدۡ ذَرَأۡنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرٗا مِّنَ ٱلۡجِنِّ وَٱلۡإِنسِۖ لَهُمۡ قُلُوبٞ لَّا يَفۡقَهُونَ بِهَا وَلَهُمۡ أَعۡيُنٞ لَّا يُبۡصِرُونَ بِهَا وَلَهُمۡ ءَاذَانٞ لَّا يَسۡمَعُونَ بِهَآۚ أُوْلَٰٓئِكَ كَٱلۡأَنۡعَٰمِ بَلۡ هُمۡ أَضَلُّۚ أُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡغَٰفِلُونَ ١٧٩
“Saktemene ingsun dadekake kanggo isine neroko jahannam soko jin lan menungso. Deweke duwe ati, nanging ora digunakke kanggo mahami ayat-ayat Allah. Lan deweke duwe mripat nanging ora digunake kanggo delok tanda-tanda kekuasaan Allah, lan dewekke duwe kuping, nanging ora digunakke kanggo ngrungokne ayat-ayat Allah. Dewekke koyo kewan ternak, bahkan luwih ino. Dewekke termasuk golongane wong sing podo lali.”

4. pendidikan keluarga
Keluarga Nabi Ibrahim meniko dados simbol keluarga ingkang harmonis ingkang dipun landasi cinta dateng Allah Swt. Keluarga ingkang dipun landasi raos tresno, cinta dateng Allah pasti keluarga menikosaget harmonis. Hubungan suami-istri, hubungan orang tua-anak soho hubungan anak- orangtua saget terjalin kanti sae. Kados ceritanipun Nabi Ibrahim. Dipun riwayataken, Nabi Ibrahim angsal perintah supados ngajak garwo lan putranipun ingkang tasih bayi teng lembah tandus, gersang, boten enten tanduran ugi sumber toyo. Tempat ingkang dereng enten penghuni, ingkang tebih saking tempat tinggalipun Nabi Ibrahim,Palestina. Tebihipun kirang langkung 1600 KM. Nabi Ibrahim boten ngertos punopo ingkang dipun kersakake Allah perintah mekaten. Nabi Ibrahim namung ikhlas lan tawakkal nampi perintah meniko. Nalika Nabi Ibrahim bade nilar Hajar lan Ismail, Siti Hajar tangklet kaleh Nabi Ibrahim “Wahai Ibrahim panjenengan bade kesah datheng pundi, panjenengan nilar kulo lan Ismail ing mriki uga mboten enten ingkang nyekapi kebetahan kulo?”. Ibrahim mboten mangsuli, uga nalika Hajar nangkleti maleh Ibrahim mboten mangsuli, Hajar tangklet, “napa Allah ingkang ngengken panjenengan maketen? Ibrahim as mangsuli, “Iyo”. Hajar wicanten, “menawi mekaten mesti Allah mboten badhe nyia-nyiaaken kita sedaya”. 
Meniko gambaran istri ingkang toat dateng perintah suaminipun senahoso perintah meniko awrat. Kanti sedoyo puniko dipun landasi taqwa lan tawakkal dateng Allah Swt.
Semanten ugi naliko Allah merintahaken Ibrahim supados nyembelih Ismail, Ibrahim ketingal sedih, susah. Amargi sejatosipun boten wonten tiyang sepuh ingkang tego nyembelih, utawi nelantaraken utawi nyio-nyio putranipun. Semanten ugi Nabi Ibrahim boten egois langsung nyembelih Ismail. Nanging dipun musyawarohaken kaleh putranipun rumiyin. Lan putranipun boten bantah dateng ramanipun. Ingkang ateges Ismail meniko dados simbol putro ingkang sholih. Putro ingkang sholih tansah toat dateng tiyang sepuhipun.

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡيَ قَالَ يَٰبُنَيَّ إِنِّيٓ أَرَىٰ فِي ٱلۡمَنَامِ أَنِّيٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰۚ قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُۖ سَتَجِدُنِيٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ ١٠٢

Artinya: Naliko teko mogsone Ibrahim ngomong "Hai anakku saktemene aku ndeleng jero impi menawa aku mbeleh kowe. mula mikirna apa pamikirmu !" dheweke njawab: "Hai bapakku, tindakno apa sing diperintahke dateng panjenengan  ; insya Allah panjenengan nemu kulo klebu tiyang-tiyang ingkang sabar"(QS Aa-saffat: 102)

Menawi kulo lan panjenengan sedoyo tingali wonten ing akhir-akhir meniko katah keluarga ingkang boten harmonis. Sebab garwo ingkang boten toat, tiyang sepuh ingkang tego buang putranipun, boten ngurusi putranipun amargi alasan kesibukan, ugi putro ingkang kanti tego gugat ibunipun piyambak 1 Milyar namung goro-goro urusan lemah. Na’udzubillah min dzalik.
Milo kanthi dinten riyoyo Idul Adha meniko dados piwucal dateng kito supados bangun keluarga ingkang harmonis ingkang dipun landasi cinta. Cinta Allah lan cinta dateng keluargo.

Ma'asyirol muslimin rohimakumullah
kulo kinten cekap semanten ingkang saget kulo aturaken mugi-mugi Allah nampi amal ibadah kito sedoyo. Amin ya robbal 'alamin







Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!