Jumat, 03 Oktober 2014

Ma’asyirol muslimin jamaah sholat idul adha ingkang berbahagia
Sakderengipun, monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ningkataken iman soho taqwa kito dateng Allah Swt. Sarto boten kesupen tansah ngraosaken syukur dumateng Allah Swt. Keranten wonten ing enjang meniko, kulo lan panjenengan sami tasih pinaringan nikmat, hidayah lan ma’unah saking Gusti Allah sehinggo wonten ing enjing meniko tasih menangi dinten ingkang mulyo, inggih puniko riyadin qurban utawi idul Adha.
Hadirin kaum muslimin muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah SWT
Enjing meniko kulo lan panjenengan sodoyo sami ngagungaken asmanipun Allah, sedoyo sami ngetingalaken kebahagiaanipun, jaler, estri, sepuh enem sedoyo medal saking dalemipun saperlu jumenengaken sholat Idul Adha, utawi Idul Qurban. Kawontenan meniko ngemutaken dateng kito sedoyo, bilih kito supados nulodho perjuanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim alaihis salam ingkang sampun dipun serat wonten Al-Qur’an. Sejarah Rasul ingkang jejuluk kekasih Allah (Kholilulloh) meniko diserat ndamel tinta emas wonten buku-buku sejarah. Sikap tabah lan teguhipun ing dalem nglampahi perintah Allah, andadosaken Nabi Ibrohim dados panutan umat sepanjang zaman.
Sampun sami kito mangertosi bilih riyoyo qurban utawi Idul Adha meniko bersumber saking ceritanipun Nabi Ibrahim lan putranipun, Ismail. Sejarah lan riwayat ingkang wonten saklebetipun Idul Adha meniko boten namung kadamel dongeng-dongengan, cerito-ceritonan mawon. Nanging punopo ingkang dipun wujudaken deneng Allah meniko damel i’tibar, tamsil, contho, tulodho, dados pelajaran ugi pepenget kangge umat menungso sedoyo.
Dawuhipun Allah:
وَتِلۡكَ ٱلۡأَمۡثَٰلُ نَضۡرِبُهَا لِلنَّاسِۖ وَمَا يَعۡقِلُهَآ إِلَّا ٱلۡعَٰلِمُونَ ٤٣
Ingkang maksudipun : conto-conto sing wis tak gawe iku kabeh kanggo keperluane menungso. Amung wae sing biso ngerteni marang maksud lan arti contho-contho mou namung wong-wong sing podo duwe kaweruh, yoiku wong-wong sing podo gelem gunakake akal pikirane kanggo mikir lan menggalih marang conto-conto mau.
Semanten ugi sejarahipun Nabi Ibrahim AS ingkang pikantuk dawuh saking Allah supad nyembelih putro kinasihipun Ismail. Mekaten wou leres-leres wonten piwucal lan pepenget dateng poro menungso.
sebab punopo nabi Ibrahim ingkang dados conto? Boten nabi ingkang sanesipun?
Wonten ing kitab tafsiripun, imam Ibnu Katsir jelasaken bilih Allah Swt ngutus 313 Rasul lan 124 ewu nabi. Lan salah setunggalipun nabi ingkang dados panutan inggih puniko Nabi Ibrahim As.

قَدۡ كَانَتۡ لَكُمۡ أُسۡوَةٌ حَسَنَةٞ فِيٓ إِبۡرَٰهِيمَ وَٱلَّذِينَ مَعَهُ
Saktemene ono conto sing apik kanggo siro kabeh marang Ibrahim lan wong-wong sing bareng Ibrahim. (QS. Al-Mumtahanah:4)

Ma’asyirol muslimin jamaah sholat idul adha rahimakumullah
Menopo sebabipun Allah ta’ala dawuh perintah dateng kekasihipun Nabi Ibrohim AS supados nyembelih putronipun? Naliko nabi Ibrahim dereng kagungan putro nate kagungan nadzar ingkang ringkesipun: aku ora eman lamun aku duwe anak lanang banjur anakku tak gawe qurban, tak sembelih menawi didawuhi Allah.
Sakwatawis dangu, panjenenganipun nabi Ibrahim nyuwun dateng Allah supados dipun paringi putro. Akhiripun nabi Ibrohim kasembadan keparingan putro ingkang dipun paringi asmo Ismail. Naliko sampun dewoso nabi Ibrahim dipun tagih utawi dipun uji deneng Allah supados nyembelih putranipun. Ingkang akhiripun kalih Allah dipun ijoli mendo naliko nabi Ibrahim bade nyembelih Ismail.
Allahu akbar..allahu akbar walillahilhamd
Sejatosipun tradisi qurban utawi nyembelih qurban sampun dikenal dangu.Kados kisah putranipun Nabi Adam, Qobil lan Habil. Kisahipun, Qobil lahir sareng sederek putri ingkang ayu ingkang asmo Iqlima. Habil lahir sareng sederek putri ingkang asmo Labuda ingkang boten ayu. Wonten ing ajaran Nabi Adam dipun anjuraken nikahaken sederek kandung putri angsal sederek jaler saking lintu ibu. Artosipun, Qobil kedah nikah kaliyan Labuda Habil nikah pikantuk Iqlima. Amargi Labuda boten ayu, qobil boten terimo. Akhiripun Qobil Habil sepakat maringi qurban dateng Allah. Qobil qurban tanduran utawi bondo ingkang awon, Habil qurban mendo ingkang paling sae. Akhiripun qurban Habil ingkang dipun tampi Allah Swt.
Wonten riwayat, simbah ipun Nabi Muhammad, Abdul Mutholib nate nadzar menawi dipun paringi putro jaler 10 bade nyembelih setunggal kagem qurban. Akhiripun dipun ijabahi Allah lan undian putro ingkang disembelih dumawah dateng ramanipun Nabi Muhammad, Abdullah. Ngertos nadzaripun Abdul Mutholib, kaum Quraisy nyegah supados nadzaripun digantos nyembelih 100 unta. Sehinggo Nabi Muhammad enten ingkang juluki ‘putro 2 sesembelihan’’ inggih puniko Ismail bin Ibrahim lan Abdullah bin Abdul Mutholib
Persembahan kanti nyembelih menungso sampun dikenal tradisi agama masa Mesir kuno, India, China lan sanes-sanesipun. Kaum Yahudi ugi qurban menungso dugi masa Perpecahan (tahun 4-5 SM). Wonten ing sejarahipun umat Yahudi gantos qurban menungso dados qurban sebagian saking anggota tubuhipun. Kados khitan. Ingkang akhiripun tradisi nyembelih menungso dipun gantos qurban hewan utawi barang berharga lintunipun.

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah

Ingkang sampun kulo aturaken wonten ing ngajeng kolowou, bilih kisah-kisah ingkang dipun sebataken Allah meniko mengku tulodho utawi piwucal dumateng kulo lan panjenengan sedoyo.
Hikmah ingkang saget kito pendet wonten ing idul adha inggih puniko

1 Taqorub utawi ibadah ngeparek marang Allah.

Lafad qurban saking bahasa Arab qoroba yaqrobu qurbanan ingkang gadahi arti cerak, parek, cedak. Artosipun tiyang ingkang qurban berarti ngeparek marang Allah. Amargi qurban salah satunggalipun coro ngeparek marang Allah. Lan sak sampunipun umat ngeparek marang Allah, mesti Allah bakal ngangkat derajat umat kalawou. Kados ingkang sampun dipun contohaken Nabi Ibrahim rikolo dipun perintah nyembelih putro kinasihipun.Nanging kalih Allah dipun gantos mendo. Amargi ketoatan Nabi Ibrahim lajeng Allah ngangkat derajatipun. Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo ingkang sami qurban kanti manah ingkang ikhlas lan sae dipun tampi deneng Allah lan saget dados lantaran derajat kulo panjenengan sami diangkat deneng Allah. Amin
Wonten ing gesang meniko boten enten alasan nopo kemawon ingkang saget ngalang-ngalangi kulo lan panjenengan sedoyo ngibadah ngeparek marang Allah. Senahoso kito gesang kanti ekonomi ingkang pas-pasan boten saget alasan ‘aku ngibadah wis suwe ora sugih-sugih’. Contonipun Nabi Ayub ingkang mlarat nanging tasih tansah ngibadah, dzikir marang Allah. Ingkang sugih ugi mekaten. Boten saget alasan amargi repot pendamelan boten sempat sholat lan sanes-sanesipun.
Wonten ing kitab Misykatul Anwar anggitanipun Imam Ghozali nyebataken bilih Nabi Ibrahim gadah ternak arupi 1000 ekor domba, 300 sapi lan 100 unta. Riwayat lintu ngendikakaken bilih kekayaanipun Nabi Ibrahim 12.000 ternak. Nate Nabi Ibrahim ditangkleti, “Kagungane sinten ternak sakmenten katahe?” Nabi Ibrahim jawab, “Kagungane Allah. Nanging sak iki isih dadi wekku. Sak wayah-wayah Allah ngersakake mundut, aku bakal nyerahke kabeh. Ora mung ternak. Anakku, Ismail yen Allah nyuwun bakal aku wenehke.”
Meniko lah tulodo saking Nabi Ibrahim. Senajan gadah kekayaan ingkang katah nanging boten ngalang-ngalangi saking ibadah, eling marang Allah.

2 Qurban nglatih, didik keikhlasan.

Tiyang ingkang ikhlas lan siap berkorban biasanipun tegar, tabah menawi wonten cobaan ugi penderitaan. Kados Nabi Ibrahim ingkang dipun perintahaken nyembelih putranipun. Keranten raos ikhlas dateng perintahipun Allah, Nabi Ibrahim saget tegar lan tabah, boten gersulo.
Keikhlasan saget nebihaken tiyang saking sifat zalim / nganioyo. Tiyang ingkang ikhlas wonten nopo kemawon boten bakal nglarani tiyang sanes. Ugi tiyang ingkang ikhlas meniko biasanipun sanggup mengorbankan diri kagem kepentingan umat. Ibarat lilin, tiyang ingkang ikhlas membiarkan dewekke kobong lan meleleh supados cahayanipun saget nerangi sekitar, nerangi keluarga, nerangi tetangga lan masyarakat.
Tiyang ingkang ikhlas berkurban ugi boten bakal zolim dateng awake dewe. Ateges tiyang ikhlas bakal berkorban kanti bondo ingkang sahe. Milo wonten ing ibadah kurban dipun syarataken sesembelihan qurban ingkang sahe boten cacat.
Nanging perlu kulo lan panjenengan sedoyo mangertosi bilih sanes kuru utawi lemune qurban. Sanes ugi daging utawi getihipun ingkang dipun tampi Allah. Ananging ingkang dipun tampi inggih puniko taqwanipun tiyang ingkang qurban. Tiyang ingkang taqwa mesti mempersembahkan ingkang paling sae dateng Dzat Ingkang Dadosaken, Allah Swt.
لَن يَنَالَ ٱللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَآؤُهَا وَلَٰكِن يَنَالُهُ ٱلتَّقۡوَىٰ مِنكُمۡۚ
                “Allah ora nompo daging lan ora getehe qurban. Nanging Allah nompo taqwa siro kabeh”

3. bucal sifat hewani.

Qurban ingkang arupi nyembelih hayawan saget dados simbol kagem ingkang qurban, inggih puniko nyembelih sifat-sifat hewan ingkang manggen wonten ing jiwo kito. Hayawan meniko, kados mendo, sapi, unto gadah sifat menawi pados panganan, suket, tanduran-tanduran boten peduli kangungane sinten. Sing penting ijo, nggih dipun pangan. Semanten ugi manungso enten ingkang gadahi sifat mekaten. Boten peduli saking pundi asalipun pados rejeki. Boten peduli niku haram utawi halal. Boten peduli niku cecak utawi kadal. Boten peduli niku watu nopo aspal. Boten peduli niku sepatu nopo sandal. Sing penting saget diuntal. Kadang enten ingkang pados rejeki kanti nyikut rencange, ngidak-ngidak sedulure, kados hayawan ingkang angsal panganan nanging boten terimo menawi enten hayawan lintu derek mangan. Na’udzubillah. Hayawan meniko boten mangan panganan saklintune panganane. Kados mendo, sapi ingkang mangan suket. Macan ingkang mangan daging. Menawi sapi diparingi daging boten purun mangan semanten ugi macan diparingi suket boten purun mangan. Menawi kulo lan panjenengan sedoyo, nopo-nopo purun.
Milo kanti wontenipun ibadah qurban meniko kulo lan panjenengan sami bucal  sifat-sifat hewaniyah ingkang wonten ing jiwo kito. Menawi kulo lan panjennegan sedoyo boten bucal lan tasih anggadahi sifat meniko berarti kulo lan panjenengan sedoyo sami kalih hewan bahkan luwih ino saking hewan meniko.
وَلَقَدۡ ذَرَأۡنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرٗا مِّنَ ٱلۡجِنِّ وَٱلۡإِنسِۖ لَهُمۡ قُلُوبٞ لَّا يَفۡقَهُونَ بِهَا وَلَهُمۡ أَعۡيُنٞ لَّا يُبۡصِرُونَ بِهَا وَلَهُمۡ ءَاذَانٞ لَّا يَسۡمَعُونَ بِهَآۚ أُوْلَٰٓئِكَ كَٱلۡأَنۡعَٰمِ بَلۡ هُمۡ أَضَلُّۚ أُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلۡغَٰفِلُونَ ١٧٩
“Saktemene ingsun dadekake kanggo isine neroko jahannam soko jin lan menungso. Deweke duwe ati, nanging ora digunakke kanggo mahami ayat-ayat Allah. Lan deweke duwe mripat nanging ora digunake kanggo delok tanda-tanda kekuasaan Allah, lan dewekke duwe kuping, nanging ora digunakke kanggo ngrungokne ayat-ayat Allah. Dewekke koyo kewan ternak, bahkan luwih ino. Dewekke termasuk golongane wong sing podo lali.”

4. pendidikan keluarga
Keluarga Nabi Ibrahim meniko dados simbol keluarga ingkang harmonis ingkang dipun landasi cinta dateng Allah Swt. Keluarga ingkang dipun landasi raos tresno, cinta dateng Allah pasti keluarga menikosaget harmonis. Hubungan suami-istri, hubungan orang tua-anak soho hubungan anak- orangtua saget terjalin kanti sae. Kados ceritanipun Nabi Ibrahim. Dipun riwayataken, Nabi Ibrahim angsal perintah supados ngajak garwo lan putranipun ingkang tasih bayi teng lembah tandus, gersang, boten enten tanduran ugi sumber toyo. Tempat ingkang dereng enten penghuni, ingkang tebih saking tempat tinggalipun Nabi Ibrahim,Palestina. Tebihipun kirang langkung 1600 KM. Nabi Ibrahim boten ngertos punopo ingkang dipun kersakake Allah perintah mekaten. Nabi Ibrahim namung ikhlas lan tawakkal nampi perintah meniko. Nalika Nabi Ibrahim bade nilar Hajar lan Ismail, Siti Hajar tangklet kaleh Nabi Ibrahim “Wahai Ibrahim panjenengan bade kesah datheng pundi, panjenengan nilar kulo lan Ismail ing mriki uga mboten enten ingkang nyekapi kebetahan kulo?”. Ibrahim mboten mangsuli, uga nalika Hajar nangkleti maleh Ibrahim mboten mangsuli, Hajar tangklet, “napa Allah ingkang ngengken panjenengan maketen? Ibrahim as mangsuli, “Iyo”. Hajar wicanten, “menawi mekaten mesti Allah mboten badhe nyia-nyiaaken kita sedaya”. 
Meniko gambaran istri ingkang toat dateng perintah suaminipun senahoso perintah meniko awrat. Kanti sedoyo puniko dipun landasi taqwa lan tawakkal dateng Allah Swt.
Semanten ugi naliko Allah merintahaken Ibrahim supados nyembelih Ismail, Ibrahim ketingal sedih, susah. Amargi sejatosipun boten wonten tiyang sepuh ingkang tego nyembelih, utawi nelantaraken utawi nyio-nyio putranipun. Semanten ugi Nabi Ibrahim boten egois langsung nyembelih Ismail. Nanging dipun musyawarohaken kaleh putranipun rumiyin. Lan putranipun boten bantah dateng ramanipun. Ingkang ateges Ismail meniko dados simbol putro ingkang sholih. Putro ingkang sholih tansah toat dateng tiyang sepuhipun.

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡيَ قَالَ يَٰبُنَيَّ إِنِّيٓ أَرَىٰ فِي ٱلۡمَنَامِ أَنِّيٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰۚ قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُۖ سَتَجِدُنِيٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ ١٠٢

Artinya: Naliko teko mogsone Ibrahim ngomong "Hai anakku saktemene aku ndeleng jero impi menawa aku mbeleh kowe. mula mikirna apa pamikirmu !" dheweke njawab: "Hai bapakku, tindakno apa sing diperintahke dateng panjenengan  ; insya Allah panjenengan nemu kulo klebu tiyang-tiyang ingkang sabar"(QS Aa-saffat: 102)

Menawi kulo lan panjenengan sedoyo tingali wonten ing akhir-akhir meniko katah keluarga ingkang boten harmonis. Sebab garwo ingkang boten toat, tiyang sepuh ingkang tego buang putranipun, boten ngurusi putranipun amargi alasan kesibukan, ugi putro ingkang kanti tego gugat ibunipun piyambak 1 Milyar namung goro-goro urusan lemah. Na’udzubillah min dzalik.
Milo kanthi dinten riyoyo Idul Adha meniko dados piwucal dateng kito supados bangun keluarga ingkang harmonis ingkang dipun landasi cinta. Cinta Allah lan cinta dateng keluargo.

Ma'asyirol muslimin rohimakumullah
kulo kinten cekap semanten ingkang saget kulo aturaken mugi-mugi Allah nampi amal ibadah kito sedoyo. Amin ya robbal 'alamin







Categories:

0 komentar:

Posting Komentar

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!